Page 4 - bahasa jawa geguritan kelas 7 (1)_Neat
P. 4

Pepeling
        Tembung „geguritan‟ asale saka tembung gurit kang ateges gubah, karang,
     sadur. Yen ing kamus umum Bahasa Indonesia diterangake ‟geguritan‟ iku asale
      saka tembung gurit kang ateges sajak utawa syair (Poerwadarminta, 1986 : 161).
       Miturut Hadiwijaya (1967 : 129), Geguritan yaiku : golongane sastra kang edi
     (puisi) cengkok anyar, wedharing rasa edi, kalair basa kang laras runtut karo
      edining rasa, nanging ora usah kecancang ing pathokan-pathokan, wilangan,
       dhong-dhing kang tetep tinamtu, beda banget karo sipate tembang macapat
                                lan sapanunggale.
        Wondene miturut Subalidinata (1999), geguritan yaiku : iketane basa kang
            memper syair, mula ana kang ngarani syair Jawa gagrag anyar.
        Dudutan: geguritan yaiku jenise puisi Jawa gagrag anyar sing panulise ora
     kaiket dening paugeran-paugeran kaya ing tembang macapat (yaiku anane guru
         gatra, guru wilangan, lan guru lagu), nanging tetep ngugemi kaendahan
   1   2   3   4   5   6   7   8