Page 5 - bahasa jawa geguritan kelas 7 (1)_Neat
P. 5
Tugas 2 : Nyemak Struktur Teks Geguritan
Puisi Jawa gagrag anyar (sabanjure aran
geguritan), panulise bebas. Tegese ora kaiket
dening aturan tartamtu. Ewa semono isih tetep
ngugemi ananing rasa kaendahan. Endahe
geguritan dumunung ana ing pilihan tembung
pantes, mentes, lan mantesi. Geguritan ora padha
karo tembang macapat kang isih kaiket guru
lagu, guru wilangan lan guru gatra.
Coba gatekna andharan ngisor iki kanggo
nggamblangake pamikirmu bab geguritan!