Page 87 - Candu Pena
P. 87

ibu.  Banjur  aku  nuruti  swarane  ibuku,  aku  muni

          istihgfar,”astaghfirullahalaldzim”.


                 Dumadakan  wong  kasebut  ilang  lan  rasa  laraku

          kasebut  ilang  kabeh.  Pranyata  aku  sadar  saka

          sermaputku. Aku deleng sakupengku. Pranyata aku ana

          ing ruwangan ing salah siji Rumah Sakit daerah kuthaku.

                 Ibuku crita kabeh kahanan kang wus dak alami.

          Ibu crita yen aku overdosis obat-obatan kang ora bener.

          Aku ora sadhar udakara 2 dina. Krungu kandane ibu kaya


          mangkono, aku dadi ngrasa lega amarga ora sida mati.

          Aku wedi yen aku mati ora bisa njaluk sepura marang

          ibu.

                 “Bu..., kula nyuwun pangapunten sedaya kelepatan

          kula. Kula kathah nggada lepat kalih panjenengan”, aku

          njaluk    pangapura      marang     ibu    sinambi    nangis

          sengengguken.

                 “Ya nak... sadurunge kowe njaluk sepura, ibu wus

          ngapura kowe nak”, wangsulane ibu.



            76            Fatimatuz Z. lan Siswa MTsN 1 Sidoarjo
   82   83   84   85   86   87   88   89   90   91   92