Page 82 - Candu Pena
P. 82

Sakdawane  dalan,  aku  terus  ngedumel  ana  ing

          njero ati. Nyapa aku kudu nduwe ibu kang mlarat? Nyapa


          bapaku ora ana? Nyapa kabeh iki kudu kedadeyan ning

          aku? Nyapa? Saben pitakon iku nglayang ing sirahku, aku

          tansah nesu, kesel lan kuciwa.


                 Aku     mandheg      sedhela,    niyat    ngenengake

          penggalihku ben wektu aku tekan kono pangrasaku dadi

          penak. Aku lungguh ing siji bangku taman, aku meneng

          lan  nyawang  langit.  Dumadakan  aku  mikir  ngenani

          panguripanku  kang  nyedhihake  iki.  "Kena  apa  sih  aku


          kudu lair saka kulawarga kang mlarat?", pitakonku ing

          awakku dhewe.


                 Aku bola-bali nglamun nang kono, ora krasa aku

          ana ing bangku taman kuwi udakara 2 jam. Aku mutusake

          kanggo nerusake lakuku menyang omah kancaku amarga

          aku wis ngrasa awakku wiwit tenang. Aku terus lumaku

          ngliwati  pedagang  ing  pinggir  taman.  Sabenere  aku

          pengin tuku panganan, nanging aku ora nggawa

                                                                  71
   77   78   79   80   81   82   83   84   85   86   87