Page 77 - Candu Pena
P. 77
Aku lunga menyang bakul layangan lan tuku sing
paling apik. Aku yakin Ara bakal seneng banget layangan
iki. Aku uga tuku benange. Sawise bali tuku layangan, aku
langsung marani Ara.
"iki Ra layangane wis tak tumbasna, Ara ngomong
apa?". "terima kasih kak" wangsulane Ara. "Ara
seneng apa ndak? " pitakonku. Dheweke mung
mbales sinambi ngangguk-ngangguk
Bocah umur 6 taun kuwi katon seneng banget
nalika tak wenehi layangan mau. Atiku uga krasa seneng
banget yen ndeleng Ara seneng. Jaman biyen, layangan
dadi dolanan favorit bocah-bocah. Nanging bocah jaman
saiki wis jarang dolanan layangan. Bocah-bocah luwih
seneng gadgete dhewe-dhewe.
Aku dadi kelingan jaman biyen, nangis jejeritan
njaluk tuku layangan. Nalika wis ditumbasake layangan
aku dolanan karo kanca-kancaku liyane nganti lali wektu.
66 Fatimatuz Z. lan Siswa MTsN 1 Sidoarjo