Page 80 - Candu Pena
P. 80

Nawasena


                   Dening: Meyvira Aghna Safiqha Putri






                 Nalika tangi turu esuk  iki,  rasane  ora  ana  sing

          beda karo  esuk-esuk  sing  daklakoni  saben dinane.

          Padha  wae,  mripat  melek  banjur  nglirik  jam  sing

          nemplek  tembok  dhuwur  cedhak  lawang  sawise  ibu

          nangikake  aku  saka  impenku.  “Nak..  ayo  tangi",  Ucap

          ibuku. Piyambake nangekna aku kang lagi keturon angler.

          Dheweke  ngguncang  awaku  bola-bali  iku  nggawe  aku


          kesel.  Aku  nepis  tangane  lan  mbentak,  "rame!!  aku  iki

          arep turu! Isa metu ora?!", bengokku.


                 Ibuku katon kaget karo pambengokku. Dheweke

          meneng sedhela banjur njawab, "iki wis esuk, kowe ora

          gelem  sekolah?  ibu  wis  nyiapna  kla…".  "Rame!  aku  ora

          gelem  sekolah!"  durung  rampung  ibuku  ngomong,  aku


          motong omongane. Aku bener-bener kesal, kanggo apa

                                                                  69
   75   76   77   78   79   80   81   82   83   84   85