Page 75 - Candu Pena
P. 75

"Putraku  sing  mbarep  ya  ngunu  iku,  gadget  terus,

              kurang  srawung  karo  kanca-kancane",  Wangsulane


              bu Tya.

                 Ujug-ujug  aku  lan  liyane  krungu  swarane  bocah

          nangis  nalika  dolanan.  Nangis  ora  mandheg-mendheg.

          Aku banjur mlaku nyedhaki bocah sing nangis. Pranyata

          sing nangis yaiku Ara, bocah yatim piatu sing manggon

          karo eyange lan mase yaiku Abi.


              "Cah ayu kok nangis, ayune bakal ilang lho”, kandhaku

              karo nyekel awake.


              "huee..  Huee..  Huee..  "  dheweke  nangis  luwih

              kenceng.

              “Ara kok nangis? Dinakali mas Abi ya?" pitakonku

              “Huee.. Huee.. Ara arep tumbas layangan kaya mas

              Abi” panjaluke Ara, adhike Abi.

              "Lho cah wadon seneng dolanan layangan ta, dolanan

              boneka  gelem  ya?"    Pitakonku  sinambi  nawarake


              dolanan  lan  nyelimurake  supaya  ora  nangis.  Arep

            64            Fatimatuz Z. lan Siswa MTsN 1 Sidoarjo
   70   71   72   73   74   75   76   77   78   79   80