Page 73 - Candu Pena
P. 73
LAYANG-LAYANG
Dening: Fatma ninda fawziyyah ardanis
Dina minggu iki kaya biasane bocah-bocah cilik
padha dolanan ing lapangan sebelah omahku. Isuk iki
tangi turu rasane awakku pegel kabeh amarga wingi
bengi aku nonton wayang ing balai desa. Sanadyan
mangkono aku kudu tangi lan makarya sing
daktindhakake saben dina yaiku resik-resik omah lan
masak ngrewangi ibu ben ora kesel-kesel banget olehe
makarya ana ing omah.
Omah wis resik lan weteng wus kaisi karo
panganan. Ing plataran aku lan ibu-ibu liyane thenguk-
thenguk nyawang kahanan.
"Wah hawane enak ya di nggo jagongan", Omongane
bu Retno sinambil lungguh pinggirku.
62 Fatimatuz Z. lan Siswa MTsN 1 Sidoarjo