Page 68 - Candu Pena
P. 68

nuduhake dalan pinuju kutha kasebut”. Banjur Koko lan

          Cici mangkat pinuju kutha tanpa nggawa apa-apa.


                 Satengahe  dalan  sing  lumayan  adoh  lan  nggawe

          kesele awak, kewan loro kuwi mandheg ing cedhak kali

          saperlu ngaso sedhilut banjur nerusake lakune. Sawuse

          nglampahi dalan sing lumayan adoh,  pungkasane kewan

          loro  kuwi  teka  menyang  kutha  kasebut.  Koko  clingak-

          clinguk saperlu deleng sakabehing kahanan kang ana ing

          kutha kuwi, banjur Koko ngucap, “wooahhh apa iki kutha


          sing mbok maksud, Ci?”. Cici njawab, “iya iki kutha sing

          dakcritakake”.  Kewan  loro  kuwi  ngubengi  kutha  lan

          ketemu manuk liya sing padha sliweran.

                 Satengahe  ngubengi  kutha,  Cici  keprungu  Koko

          lagi  watuk-watuk,  “kowe  Kena  apa  Ko,  watukmu  ora

          leren-leren?“,  pitakonane  Cici.  Koko  ngomong  sinambi

          sethithik  watuk,  “Uhukk...  hawane  ora  menaki  ana  ing

          awakku”. Manuk Dara sing nglewati Koko mangerteni apa

          sing dialami Koko sinambi ngguyu lan dheweke ngomong,



                                                                  57
   63   64   65   66   67   68   69   70   71   72   73