Page 70 - Candu Pena
P. 70

dianggep  panganan.  Kudune  kowe  lan  manungsa-

          manungsa kang urip ing kutha iki kudu isin karo kahanan


          kutha sing akeh uwuh kemeleler ana ing dalan-dalan iki.

          Kudune saben panggonan akeh wit-witan sing ijo royo-

          royo. Wit-witan kuwi bisa ndadekake oksigen ing kutha

          iki  dadi  sehat,  nanging  wit-witane  malah  dikethoki

          diganti  karo  gedhung-gedhung  dhuwur  sing  ora

          dibarengi  karo  nanduri  wit-witan  anyar,  isane  mung

          ngrusak lingkungan wae“, ucap Koko karo nesu.


                 Cici  uga  ora  bisa  mangsuli  tetembungane  Koko.

          Banjur  Koko  mangkat  lan  satembung  wae  ora  kaucap

          saka  lambene.  Cici  mbengok  sabanter-bantere  nyeluk

          jenenge  Koko.  Dumadakan  kahanan  langit  dadi  peteng

          dibarengi  karo  bledhek  uga  tekane  angin  sing  gebes

          njalari Koko kangelan kanggo mabur. Koko uga kagawa

          bareng angin sing nabrak awake Koko ndadekake Koko

          semaput.






                                                                  59
   65   66   67   68   69   70   71   72   73   74   75