Page 69 - Candu Pena
P. 69

“hahahaha kowe lucu banget, kowe manuk anyar kang ana

          ing  kutha  iki?  pancen  udara  ing  kene  ora  resik,  coba


          delengen  ing  sakupengmu,  akeh  kendaraan  sing

          ngetokake kebul. Manungsa ora peduli ngenani kahanan

          iki. Manuk-manuk padha mangkat saka kutha iki merga

          udarane  sing  ora  resik.  Wujude  kutha  iki  pancen

          nyenengake mripat, nanging kahanan kutha sing kakehan

          polusi sing njalari awak iki rusak”.

                 Banjur Koko takon ing manuk Dara iku, “Saka endi


          asal kebul iku“,  banjur manuk dara iku njawab “kebul-

          kebul  iku  asale  saka  kendaraan,  pabrik  lan  bekas

          pebakaran  uwuh  manungsa“,  ucap  si  manuk  dara  karo

          wajah sajak sedhih, banjur Koko lan Cici uga nerusake

          lakune sinambi ngupaya golek mangan karna luwe. Koko

          lan  Cici  nemu  panganan  nanging  panganan  kuwi  reged

          banget.  Banjur  Koko  ngomong,  “iki  sing  mbok  anggep

          akeh panganan,  pancen akeh panganan  nanging iku ora

          pantes disebut panganan, uwuh sing kaya mangkene ko



            58            Fatimatuz Z. lan Siswa MTsN 1 Sidoarjo
   64   65   66   67   68   69   70   71   72   73   74