Page 71 - Candu Pena
P. 71

Sawetara wektu, Koko kawangun saka semapute.

          Koko clingak-clinguk ora mangerteni yen dheweke ana


          ing  panggonane  penampungan  kewan.  Koko  uga  kaget

          sinambi mbengok, “Argghhh ing endi aku“, pocape Koko

          sinambi  keweden.  Dheweke    rumangsa  menawa  ana

          kewan liya ing kene. Dheweke weruh ing ngarep wis ana

          asu jinis bulldog, asu iku ngomong, “ Kena apakowe bisa

          tekan kene?“, asu kuwi ngomong karo nada medeni.

                 Koko  uga  njawab  “  aku  pancen  dudu  saka  kene,


          asal ku saka taman jenenge Majujaya, aku mrene merga

          kancaku nyritakake ngenani kutha iki, omongane sajak

          nyenengake  ati  nanging  jebule  sawang  sinawang,  ora

          maremake ati”. Banjur asu iku menehi dalan kanggo uwal

          saka panggonan kuwi, menawa ana siji lawang ventilasi

          ing  dhuwur  Koko.  Koko  banjur  mabur  pinuju  lawang

          ventilasi. Alarm muni pratadha menawa ana kewan kang

          arep  kabur.  Asu  kasebut  mbengok,  “cepet  ndang

          mabura,  yen  kowe  pingin  slamet“,  banjur  Koko  mabur



            60            Fatimatuz Z. lan Siswa MTsN 1 Sidoarjo
   66   67   68   69   70   71   72   73   74   75   76