Page 78 - Candu Pena
P. 78

Nalika  wayahe  sinau,  aku  kabur  mlayu  dolanan.  Ibuku

          nggoleki  muter-muter.  Nalika  ing  dalan  aku  tiba  saka


          sepedha lan layanganku suwek.  Aku mung bisa nangis

          sesenggukan  amarga  layanganku  suwek.  Aku  banjur

          mulih sinambi nggawa layangan anyarku sing suwek. Ing

          omah  aku  ora  dinesoni  ibuku.  Aku  bisane  mung  njaluk

          tuku  layangan  anyar.  Ibuku  numbasake  aku  layangan

          anyar senajan sinambi nggeruneng.


                 Yen tak iling-iling aku mung bisa mesem-mesem

          dhewe.  Ibu  ora  tega  ndeleng  anake  kepengin


          samubarang, nanging ora ditumbasake. Dheweke bakal

          ngupayakake kekarepane anake yen ora nuwuhake sifat

          ala.













                                                                  67
   73   74   75   76   77   78   79   80   81   82   83