Page 81 - Candu Pena
P. 81

aku  sekolah?  ing  sekolah  aku  tansah    dicelok  amarga

          durung mbayar spp lawase 3 sasi. Iku ngisin-isini banget.


                 "Nak.. kowe isin durung bayar spp? kowe sekolah

          ya  nak?",  omonge  ibuku  bola-bali.  Aku  dadi  kesal

          ngrungokake  ibu  sing  cerewet,  aku  langsung  tangi  lan

          lunga  ninggalake  ibuku  saka  kamar.  Aku  pengen  metu

          saka omah lan lunga menyang omahe kancaku. Aku metu

          saka  omah  lewat  lawang  mburi,  ing  lakuku  metu  saka

          omah ngliwati pawon. Aku weruh panganan kang saben


          dina aku mangan yaiku tempe, tahu lan sega. “hla ya, ibu

          kok  gak  mblenger  masak  tahu,  tempe  terus”,  aku

          ngedumel ing njero ati. Aku kesel banget deleng lawuh

          tahu, tembe. Kahanan kuwi sangsaya mangkelake atiku.


                 Aku langsung mbanting lawang lan lunga menyang

          omah kancaku. Aku lunga tanpa adus lan gumanti klambi.

          Aku isih nganggo kaos lan rambut awut-awutan nanging

          aku ora perduli, kang wigati aku lunga saka omah.





            70            Fatimatuz Z. lan Siswa MTsN 1 Sidoarjo
   76   77   78   79   80   81   82   83   84   85   86