Page 86 - Candu Pena
P. 86

bisa  ngucap  apa-apa.  Arepe  mbegok  njaluk  tulung,

          nanging lambeku kaya-kaya ana sing nyestaples. Wong


          kasebut dumadakan nekek guluku sinambi ngomong, “apa

          pesen terakhirmu?”. Aku ngrasa ora bisa ambegan, ora

          bisa  mbengok  njaluk  tulung.  Gulu  krasa  lara  banget.

          Awakku  metu  kringet  kembobyos.  Tanganku  diwalik

          nganti mlenter, aku ora bisa nglawan. Aku njaluk sepura.

          Aku takon marang wong kasebut, “apa salahku?”. Banjur

          wong kasebut mangsuli, “takona marang wong tuwamu!”.


          Banjur awakku digepuki karo tongkat kang ana genine.

          Rasane  panas  banget.  Aku  mbengak-mbengok  nanging

          ora ana sing nulungi. Aku digepuki karo tongkat suwih

          banget ora leren-leren kaya-kaya seminggu muput babar

          pisan blas ora leren anggone gepuki aku. Rasane larane

          wus gak bisa dak tahan maneh, kaya-kaya aku arep mati.

                 Aku keprungu swara lirih nanging katon cetha apa

          kandhane, “Nak... nak..., kowe nyapa....? ayo tangia, nak..

          sadar, istihgfar nak”. Pranyata swara kasebut, swarane



                                                                  75
   81   82   83   84   85   86   87   88   89   90   91