Page 6 - Serat Wulangreh Pupuh Gambuh_Neat
P. 6

Gambuh




                                    Kapethik sekang Serat Wulangreh dening PB IV






                Pada 13


                Dene kang padha nggunggung


                Pan sepele iku pamrihipun


                Mung warege wadhuk kalimising lathi


                Lan telese gondhangipun


                Reruba alaning uwong





                Terjemah basa Banyumasan


                Lan maning sing padha ngalem-alem, kepengine mung prasaja pisan, yakuwe wareg



                wetenge, klimis lambene, lan teles tenggorokane, yakuwe wareg ing bab mangan lan


                ngombe sing enak, ningen kanthi ngedol alaning wong liya.


                Pada 14


                Amrih pareke iku

                Yen wus kanggep nuli gawe umuk

                Pan wong akeh sayektine padha wedi


                Tan wurung tanpa pisungsung

                Adol snaggup sakehing wong





                Terjemah basa banyumasan

                Merga supaya pereke karo ndhuwurane (atasane) karo bose kuwe mau, nek wis


                rumangsa dipercaya, rumangsa dikanggokna banjur gawe omongan dilewih-lewihna,

                supaya wong-wong liya kon padha wedi, mulane dadi bisa nampa punjungan utawa


                upeti senajan sekang golih adol kabisane wong akeh, ya kabisane wong liya, dudu

                kabisane dhewek.




                Padha 15


                Yen wong mangkono iku

                Nora pantes cedhak lan wong agung


                Nora wurung anuntun panggawe juti


                Nanging ana pantesipun


                Wong mangkono didhedheplok





                Terjemah basa Banyumasan

                Wong sing wateke kaya kuwe ora pantes pedhek karo wong panggedhe, para


                pemimpin, merga wong sing wateke kaya kuwe bisa merekna dadi penyengkuyunge


                tumindak jahat, wong sing wateke kaya kuwe ora ana patute dikapakna, kejaba


                pantese dibebek.






                Pada 16

                Aja kakehen sanggup


                Durung weruh tuture agupruk

                Tutur nempil panganggepe wruh pribadi


                Pangrasane keh kang nggunggung

                Kang wus weruh amalengos





                Terjemah basa Banyumasan


                Dadi wong aja kakehen kesanggupan, rumangsa apa-apa ngerti apa-apa bisa, durung

                weruh dhewek gulih ngomong gupruk kaya weruh-weruha, malah mung krungu thok

                nganggepe kaya wis weruh dhewek. Rumangsane akeh sing ngalem-alem, padhahal


                sing wis ngerti sejatine mlengos.
   1   2   3   4   5   6   7   8   9