Page 14 - gg
P. 14
4. Piweling
Piweling utawa amanat sing kinandhut sajrone
tembang macapat ing antarane yaiku piweling moral, budaya, religi, lan
sosial.
Nalika nggawe tembang Macapat, kanggo nylarasake paugeran tembange,
bisa kanthi ngreka-ngreka ing bab paramasastra utawa tata basane. Salah
sjine yaiku kanthi nggoleki dasanamane, nggarba, lan mancah, utawa
nyambor, Jlentrehane kaya mangkene.
a. Dasanama
Dasanama yaiku pepadhane teges/maknane tembung (sinonim/homonim).
Tuladhane: tau, tate, tirta, banyu, warih: agni, geni: bapak, rama, yayah, anak,
putra, sunu, lan sapiturute. Kanggone sing ngerteni tembung-tembung
dasanama bisa nggampangake nalika nggawe tembang amerga bisa
nylarasake karo paugeran tembange.
b. Tembung Garba
Garba tegese sesambungan, rerangken, gegandhengan. Tembung garba
yaiku tembung rerangken, tembung sesambungan, tembung kang kedadeyan
saka gandhenge tembung loro utawa luwih sarana nyuda gunggunge
wandane. Tuladhane yaiku maharsi (mahatresi), ratwagung (ratutagung),
aneng (anating), sinom (sitenom), narendra (naratendra), jalwestri (jalutestri).
Anane tembung garba iki kanggo nggampangake nalika nyekak tembung-
tembung sing wandane kedawan naika digawe cakepan tembang.
c. Tembung Wancahan lan Tembung Camboran
1. Tembung wancahan yaiku tembung sing dicekak kanthi cara ngelong
wandane. Carane mancah kasebut ana lima, yaiku:
a) didbuwang wandane ngarep, upamane kakang dadi kang
b) dibuwang wandane mburi, upamane mbakyu dadi mbak
c) diduwang wandane tengah, upamane kyai dadi ki
d) dibuwang wandane ngarep mburi, upamane Sutarman dadi Tar
e) tanpa wewaton, upamane Purbalingga dadi Braling
Tuladha liyane: lunglit (balung kulit), bangjo (abang ijo), lan sapiturute.
2. Tembung camboran yaiku tembung loro utawa Juwih sing digabung
utawa dicekak dadi siji lan nuwuhake teges anyar. Upamane nagasari
(naga-tsari), randha royal (randhatroyal), lan sapiturute.
11