Page 6 - gg
P. 6
dingerteni slara karo penganggone ing bebrayan, yaiku (ing wektu saiki
jaman kasebut) basa Jawa Pertengahan (Tengahan). Ing periodhe basa
Jawa Pertengahan, reriptan sastra awujud tembang kasebut minangka
asil rekadayane para pujangga Jawa dhewe, lepas saka pangaribawa
metrum sastra India. Tembang ing
sastra Jawa Pertengahan kasebut
umume diarani kidung, sawijine
BAUSASTRA
metrum sastra Jawa asli Jawa, kayata
Jawa-Indonesia
Kidung Sudamala, Kidung Sri
bebrayan: masyarakat
Tanjung, Kidung Subrata, Crita Panji,
kahanan: keadaan
Kidung Pararaton, Kidung
kaprabawan: terpengaruh
Pamancangah, lan sapiturute.
kayadene: seperti
mula buka: asal mula Periodhe sabanjure yaiku jaman
ngrembaka: berkembang Jawa Anyar (Klasik) nalika jaman
pada: bait/paragraf Majapait wekasan (wiwit mlebune
pamawas: pendapat
Islam ing Jawa). Reriptan sastra sing
pana: ahli
wiwit ngrembaka yaiku tembang
reriptan: karya
Gedhe, Tengahan, lan Macapat.
sekar: tembang/lagu
Senajan ta kaya mangkono, metrum
tembang Gedhe, Tengahan, lan
Macapat uga wis ana wiwit jaman Jawa Pertengahan. Nut lakune jaman
nganti periodhe jaman Jawa Anyar, pangrembakane telung jinis
tembang kasebut ana sing wis ngalami owah-owahan, mligine bab
penganggone lan guru/paugerane. Dene ing Jaman saiki (jaman Jawa
Modhern) sastra Jawa sing tuwuh ngrembaka yaiku guritan, salah siji
jinis puisi Jawa sing wis mardika, ora kaiket paugeran. Anane guritan
minangka prabawa saka sastra manca, anane udakara wiwit awal abad
20 nganti saiki.
3