Page 7 - gg
P. 7

Tembang  Macapat  umume  yasane  Prabu  Dewawasesa,  yaiku

               Prabu Banjaransari ing Sigaluh rikala taun Jawa 1191 (sajrone, 1958:5)

               lan  ngrembaka  wiwit  jaman  Jawa  Pertengahan.  Tembang  Macapat

               minangka  salah  sijine  metrum  tembang  asli  Nuswantara  saka  Jawa

               amerga  wis  uwal  saka  prabawane

               tembang  metrum  manca  (India,

               kayadene  kakawin).  Saliyene  iku,
                                                                    BAUSASTRA
               tembang  Macapat  uga  dienggo
                                                                    Jawa-Indonesia
               sajrone  riptan  sastra  sing  isine

                                                                    dumadi: terdiri atas
               maneka  werna,  kayadene  babad,
                                                                    gagrag: gaya
               wulang,          primbon,          kawruh,
                                                                    kaprabawan: terpengaruh
               susastra,  sekar  sumawur,  lan                      kaiket: terikat

               sapiturute.                                          pada: bait

                                                                    paugeran: aturan

               2.  Macapat: Teges lan Jinise                        pedhotan: penjeda

                                                                    panganggep: pendapat
                       Tembang  Macapat  miturut
                                                                    titikan: ciri-ciri
               teori  sastra,  klebu  jinise  folk  song

               utawa           tembang             rakyat.

               Tetembungan (istilah) “macapat” minangka cekakan saka “maca papat-

               papat”, amerga carane maca tembang macapat kasebut kanthi medhot

               patang  wanda  saben  gatra/barise.  Penganggep  sing  kaya  mangkono

               pancen bener, nanging ora kabeh bisa diwaca kanthi pedotan sing netep


               patang wanda kaya mangkono.
                       Tembang Macapat yaiku salah sijine jinis puisi Jawa gagrag anyar


               sing kaiket paugeran. Titikane tembang macapat kasebut yaiku:
                  1.  klebu jinise sastra pinathok (puisi),


                  2.  nduweni paugeran guru watak, guru gatra, guru wilangan, lan guru
                      lagu, lan


                  3.  dilagokake nganggo kagunan swara (mawa wirama tartamtu).



                                                                                                           4
   2   3   4   5   6   7   8   9   10   11   12