Page 14 - THUKUL JADI_Neat
P. 14
Thukul ing Lemah Nela
banyu kang bening kinclong-kinclong. Kabeh ora
ngerti marang kedadeyan sing satenane.
Nganti pirang-pirang dina werdi iku ora bisa
kawiyak. Dioncekana nganggo cara apa tetep ora ana
wangsulane. Sing ngalami dhewe wae ya ora bisa
ngeling-eling.
Kanciludin wusanane dadi kembang lambe. Ing
warung, ing tegal, ing sawah, terminal, uga ing pasar
umyeg crita bab kedadean sing dialami dening
Kanciludin. Lan uga akeh sing padha mara ndelok
sawah. Mulihe mesthi mampir neng omahe Kanciludin.
Wartawan koran lan uga TV uga akeh sing nyiarake.
Jenenge Kanciludin dadi kondhang, dhukuh Pring-
petung dadi kondhang. Awan bengi dhukuh Pring-
petung tansah diparani sakeh wong. Najan dalan mung
kepadhangan lampu ublik, nanging ramene ngalahne
kutha gedhe.
Awan kuwi ana rombongan rong montor kula
nuwun neng omahe Kanciludin.
“Dhe kula utusan saking kanjenge supados
nyuwunaken toya king sabin nika,” ngono kandhane
pawongan sing nganggo bathik lurik.
“Kula boten gadhah toya niku, amargi toya niku
wonten teng sabine tiyang dhukuh Pringpitu.
Njenengan tangklet piyambak, angsal napa boten,”
wangsulane.
Suwe anggone rembugan. Malah wong sing mara
iku njaluk supaya diterake menyang sawah. Sawah
tiban banyu ngono wong-wong yen ngarani.
Supriyoko | 6