Page 15 - THUKUL JADI_Neat
P. 15
Thukul ing Lemah Nela
“Sedaya kantun njenengan, Dhe,” wangsulane
Emprit.
Liyane padha manthuk.
Ya wiwit kuwi warung-warung dadakan banjur
cepak jirigen cilik. Lan maneh banyu ing sawah ya
tetep megung, najan saben dina dijupuki nganti pirang-
pirang jirigen. Lan sakeh wong banjur mesthi mampir
neng omahe. Jarene wong-wong sing mara rono yen
ora mampir lan ketemu dheweke, jare ora marem.
Kathik mara ya ora mung mara thok, salaman mesthi
ninggal amplop. Kanciludin mesthi nolak. Mula meja
kayu randhu siji-sijine meja neng omahe kanggo
jujugane amplop.
Karo Kanciludin, anak bojone dipenging aja
nguthik-uthik amplop sing mblasah ing sadhuwure
meja. Serepesa dheweke ora njupuk, apa maneh
ndemek amplop kuwi. Mula saka eguh pratikel Mbah
Baya banjur digawekake kothak saka kayu kepuh sing
wis ambruk nalika kena barat setaun kepungkur.
Kothak gedhe ora genep seminggu wis kebak.
Kamangka amplop sing diwadhahi karung neng omahe
Kanciludin wis sundhul wuwung.
Dheweke rembugan karo Mbah Baya lan Mbah
Manyar ngenani amplop. Dibukak lan dietung kabeh
njomblak, selawase durung nate weruh dhuwik akeh,
kathik iki tumpukan dhuwik nganti lali olehe ngetung.
“Dhuwik iki kanggo ndandani dhukuhan,” ngono
cluluke Kanciludin.
7 | Sigar Jambe