Page 20 - THUKUL JADI_Neat
P. 20
Thukul ing Lemah Nela
Kanciludin nyawang sakabehane iku kanthi rasa
panggrantes sing jero banget, jero kaya tancepe panah
sing ucul saka gandhewane mancep neng jaja angel
dudutane. Kathik dalan sing diliwati saiki uga wis beda
karo cilikane biyen, najan dalan desa nalika cilikane
biyen wis diaspal alus. Nanging saiki ilang aspale,
dadine kaya klumpuke watu kali sing munggah neng
ratan. Watu-watu padha pating pentholos, akeh
jeglongan kaya dene kedhung sangisore kretek Sran-
dhil pinuju kali Klegung asat kaya wanci ketiga ngene
iki.
Dumadakan saka kurang ati-atine, sikile ngidak
krakal lincip. Perih! Dirasakake sikile tatu metu getihe.
“Iki dalanku saiki,” ngono grenenge.
Dheweke leren sedhela, methil godhong uluk-uluk
kanggo ngusapi getih sing metu saka dlamakane.
Durung nganti atus getih sing diusapi, dheweke weruh
ana gemruduge sakeh kewan saka sisih kulon. Jebul
arak-arakan layon, kucing, asu, tikus, sapi sapedhet-
pedhete, kebo uga sagudele tut wuri ing samburine
pendhosa. Dene sing ngarep sakeh jaran rupa putih
memplak nggawa kembang, maesan, angklo menyan
sing ambune nduleg irung. Kabeh kanthi praupan susah
merga ana sing ninggalake kanthi selawase.
Dheweke ngadeg saperlu aweh kurmat marang
layon sing liwat ing ngarepe. Kanggo ngguwak rasa
pengin weruh marang sapa sing ninggal, dheweke
takon marang Cindhil sing mlaku ing mburi dhewe.
Supriyoko | 12