Page 25 - THUKUL JADI_Neat
P. 25
Thukul ing Lemah Nela
“Boten usah kula dereng kesel,” wangsulane
Kanciludin.
Kegawa saka rasa mikul dhuwur mendhem jero
bekti marang sesepuh desa, diniyati mikul nganti tekan
papan sing dituju. Kesel lan krenggosane ambegan ora
dirasa.
Ing langit srengenge rada gemlewang ngulon,
nanging sunare srengenge isih krasa ngobong daging
lan kulit. Najan mangkono arak-arakan layon saya akas
lakune, najan dalan-dalan sing diliwati mundhak
rumpil.
“Tempuran kari rong enggokan.”
“Iya, bener! Tempuran kari rong enggokan.”
“Apa karepe tempuran kok kari rong enggokan?”
pitakone Kanciludin marang Jago Wido sing mlaku
neng sisihe.
“Mendhet toya kangge isinipun kendhi,” ngono
wangsulane. Najan bingung apa kang dikarepake,
dheweke mung manthuk.
Lakune para pangarak lan sing mikul saya rikat,
iline luh saya gembrojok nelesi watu lan lemah. Gawe
bungahe semut bisa nyecep luh sing anyese kaya banyu
tempuran nalika semana.
Kupu, kombang, tawon padha miber ngayomi
layone Ki Siwa Dara. Lan sepisan maneh sing gawe
eloking panyawang, maewu-ewu laron uga mabur tut
wuri ngiyupi sadawane dalan. Eyup lan edhum kathik
krasa ana semribite angin kang ngusap sarandune
awake para pangarak.
17 | Menyang Tempuran