Page 30 - THUKUL JADI_Neat
P. 30
Thukul ing Lemah Nela
sandhal jepit. Klambine hem bathik, najan rada
mangkak iku kanggone dheweke sing paling apik
dhewe. Clana ireng sing dienggo ya wis mambu
setlikan. Iku wae ya nunut neng tanggane.
Dheweke njangkah nyabrang ratan. Ora dingerteni
ana lakune sepeda saka wetan. Meh wae dheweke
kesrempet merga saka kurang ngati-atine olehe
nyabrang. Atine saya mengkirig, nratab. Karo ngadeg
neng trotoar, Kanciludin gocekan pager karo nyawang
omah loji kuwi. Omah kok kaya ngono apike. Ragade
pira lan pirang taun dadine. Tuwuh pitakonan lan uga
tanpa wangsulan ing atine. Mripate nyawang taman ing
wetane omah, lampune sapirang-pirang. Beda neng
omahe sing mung dimar ublik pendhak jam sanga wis
kentekan lenga.
Dheweke thingak-thinguk nyawang kiwa-tengen,
mbok menawa ana sing kemliwer lan arep ditekoki
menawa dheweke arep ketemu karo Sima Ludira sing
dadi penggedhe kutha. Sikil jumangkah saya mlebu,
ing papan pajagan ora ana siji-sijia. Dheweke nginguk
ing waliking tembok. Weruh barisan Semut Ireng lagi
pesta ngrubung sega iwak neng njero kothak.
“Entek-entekna,” kandhane marang Semut Ireng
sing ora merdulekake tekane.
Engko gek-gek sing diparani gelem nampa
dheweke apa ora. Saumur-umur ya lagi iki dheweke
arep mara dhayoh neng penggedhe kutha. Pancen
wong ndesa kluthuk, pangirane ora arep merdhayoh
neng omah loji kuwi. Dikira padha neng omahe.
Dheweke blas ora ngerti aturan protokoler carane
nenamu ing omahe panggedhe kutha. Sing diweruhi
jenenge, wonge kaya apa blas irunge wae sapira
gedhene ora weruh.
Supriyoko | 22