Page 31 - THUKUL JADI_Neat
P. 31
Thukul ing Lemah Nela
Mripate saya mlolo, kami dengengen. Ing mburine
pajagan kuwi ana kolam renang jangkep sawater
boome pisan. Banyu muncrat karan air mancur ing
tengahe. Kanggo ngguwak rasa penasarane, dheweke
nyedhaki kolam iku. Jabang bayik! Kaya ngene iki
tibake yen dadi anake penggedhe batine. Awit beda
karo anake sing wektu kaya ngene iki bali sekolah
melu neng tegal utawa neng sawah ewang-ewang
dheweke.
“Kowe ndelok apa, aku lagi suka-suka neng kene,”
kandhane Gurami.
“Aku arep sowan ramamu,” wangsulane Kancil-
udin rada groyok.
Lan dheweke oleh wangsulan menawa sing arep
ditemoni isih istirahat.
Kanciludin banjur lungguh kursi taman sapinggire
kolam. Sajam rong jam dheweke anggone lungguh
neng kono. Goreh, gorehe titah cilik arep merdhayoh
neng wong pangkat.
“Lho, banyune kok saya kalong,” keprungu swara
saka njero kolam.
Ora nganti limang menit banyu kolam kari
sapolokan. Gurami, Mas lan Tambra klopak-klapek
sambat ora isa ambegan. Gurami wusana bengok-
bengok, nanging ora ana sing semaur.
“Tulung, aku tulungana, aku tulungana,” ngono
sambate. Nanging Kanciludin ora maelu malah bablas
ninggalake plataran. Sedyane kepethuk karo
penggedhe kutha diwurungake.
Sedina sawise iku geger, anake penggedhe kutha
lara mlebu rumah sakit. Umyeg, bingung marang
kedadean sing dialami dening anake penggedhe kutha.
23 | Akal Bulus