Page 33 - THUKUL JADI_Neat
P. 33
Thukul ing Lemah Nela
mendut ngedhep roti siram susu lan keju, turu sandhing
amplop wis lali asal mula. Wong cilik tegale garing,
nelane lemah sawah kasatan ketiga dawa wis ora katon
ing mata.
Pancen badhut, kathik nganggo topeng sisan.
“Kabeh kuwi badhut, aku iki lho contone.
Sawangen sandhalku jepit cemitenan ora bakal aku
golek pangan kanthi cara ngono kuwi” kandhane karo
mbayar kopi sacingkir lan klepat metu.
“Apa, Cil!” kandhane Jago Wido sing sajak
kesogrok tembung.
“Ngono kuwi undhuh-undhuhane,” kandhane Kan-
ciludin sing gawe kejote wong sawarung. Pambengoke
ati kawetu saka lambene.
Jago Wido saya keget eneh. Arep mbales omong-
an, kanggone ora guna, awit dheweke ngerti banget
sapa sejatine Kanciludin. Najan wong ndesa lan tani
kluthuk nanging pikirane ngalahne wong sing dibelani
toh nyawa toh pati. Mandheg mangu angen-angene
Jago Wido.
Krungu kandhane Kanciludin, Jago Wido wae
mblereg apa maneh liyane. Mesthi wae ora wani
nambahi rembug. Mung ing batin, ora wani ngetokake.
Awit padha wedi marang kahanan dina iki. Sapa wae
ya wis weruh, nyedhaki pilihan penggedhe lan
kedadean sing dialami dening anake penggedhe kutha
kaya ngene, bisa diarani watu, godhong, dhingklik
padha nduweni mripat lan kuping.
Esuk nalika Kanciludin arep budhal ndelok
sawahe sing saiki wis kedol lan calone kepangan
toserba, ing dalan kepethuk karo Bayan Kidang. Jarene
arep sowan kanjenge. Kanjenge nganakake syukuran
merga anake wis mari, kanthi ngundhang pamong.
25 | Akal Bulus