Page 26 - THUKUL JADI_Neat
P. 26
Thukul ing Lemah Nela
Iki saka perbawane Ki Siwa Dara najan wis kari
layon nanging Gusti isih bisa nekakake tekane rasa
sing bisa gawe rena atine kabeh titah urip ing ngalam
donya. Ngono batine Kanciludin karo nyawang
mendhuwur.
Tanpa dinyana dening Kanciludin, dumadakan
saka ratu tawon saandhahane sing miber iku ngudanake
madu kang nelesi awake. Dheweke mangap, madu
gembrojog tekan telake banjur ngebaki wetenge. Madu
rasa, rasane bagya mulya saka tumindak kang tanpa
pamrih.
Dheweke noleh ngiwa-nengen lan nyawang
memburi. Kabeh padha kudanan madu.
“Madu ... iki madu. Madune rasa sing ora kalis ing
lamis,” Kanciludin mbengok sakatege.
“Iya ... iya bener.”
“Bener ....” swarane campuh karo sorak kang
ambata rubuh.
Wanci tunggang gunung, Tempuran Kulon wis
ketok ing panyawang. Sing katon banyu agung bening
kinclong-kinclong.
“Ki Siwa Dara mangga mandhap sekedhap,
menika sampun dumugi Tempuran Kilen,” kandhane
modin Jalak Penyu.
Pendhosa dibukak, jisime Ki Siwa Dara kang
dibungkus enaman godhong pinus ketok melok-melok.
Kanciludin, Penthet, Prenjak ngangkat jisim digawa
mudhun menyang Tempuran Kulon. Iline banyu saka
Kali Klegung Lor lan Klegung Kidul mbasuh awake Ki
Supriyoko | 18