Page 23 - THUKUL JADI_Neat
P. 23
Thukul ing Lemah Nela
getih, ninggal tenger kaya dene pathok wates kulon
punthuk lan wetan punthuk. Najan mangkono lakune
saya dirikatake. Malah saiki mlayu. Karepe ati ndhang
cedhak arak-arakan layon lan melu mikul layone Ki
Siwa Dara. Playune kaya miber-mibera, saya cedhak
lan saya cedhak ing samburine layon.
“Pundi kula gentosi.” kandhane karo nyekel kayu
sing kanggo mikul layon.
Bungah tan bisa ana pindhane amarga bisa nuntun,
nggandheng, nggendhong Siwa Dara najan kanthi
kahanan kang kaya mangkene. Batine, ing kana bapake
uga mesthi melu bungah.
Karo mikul dheweke mbengok banter.
“Laillaha illalah ...... Laillaha illalah ....... Laillaha
illalah.”
Saking bantere nganti gawe mrindhing sing padha
ngarak. Siji loro panggarak melu ngucap. Papat lima,
malah saiki kabeh pangarak padha ngucap. Rame
ngungkung nganti tekan tlatah kidul alas pinus.
Dayane Kanciludin bisa nyirep sakeh para
pangarak. Nganti tekan papan sing dituju yaiku
Tempuran Etan, Siwa Dara isih ing pikulan. Sing gawe
eram, kesele awak kabeh sing ana ing kono ilang
sanalika, uga sikile Kanciludin sing wis karan suwek
lan getih tansah mili ya ora krasa lara.
“Banyune kebak! Banyune kebak!”
Keprungu swara saka ngisor.
“Iya bener, bener banyune kebak”
15 | Menyang Tempuran