Page 24 - THUKUL JADI_Neat
P. 24
Thukul ing Lemah Nela
“Matur nuwun dhuh Gusti.” kandhane padha
pating brengok.
“Mangga layone sesepuh Ki Siwa Dara dipun
upakara, Podhang, Manyar, Derkuku sing mangku!”
printahe Jalak Penyu minangka modin kulon punthuk.
Kanciludin ndhisiki lungguh ing gisik minangka
gantine debog kanggo ngedusi, dheweke gage mapan
ing kiwane Podhang, sikile slonjor. Tuwa-enom,
gedhe-cilik padha ambyur menyang Tempuran, sangu
pincuk godhong gedhang kanggo nyidhuk lan nyawuk
banyu kanggo ngedusi layone Siwa Dara. Iwak wader,
Jabresan lan Uceng kemambang aweh pakurmatan
kang pungkasan marang Siwa Dara. Banyu ing
tempuran saya omber, omber karo eluh sing pating
dlewer.
“Allah Akbar! Allah Akbar!”
Rame swarane sing padha ngreksa layon. Karep
ing ati mbukak langit mbukak bumi, masrahake Siwa
Dara marang Gusti Allah. Nguntabake baline Siwa
Dara menyang omahe. Siji panuwune muga Gusti
paring pangapura marang sakeh lupute Ki Siwa Dara.
Sapungkure layon digawa munggah lan nalika wis
sepi. Tempuran wetan bali maneh kaya maune, sing
ana mung kali asat kaya cekeh kang rinengga watu
padhas lan watu item padha pating pentholos.
Tempuran kang kelaran saka wengise ketiga dawa.
Tekan enggok-enggokan Sledhok Thilang, Puter
padha tawa.
“Pundi mas kula gentosi!”
Supriyoko | 16