Page 22 - THUKUL JADI_Neat
P. 22
Thukul ing Lemah Nela
“Sikilku keneng watu lincip nganti getihen. Aku
ora kuwat mlaku ngetutne layon” kandhane ngapusi.
Dora sithik ora apa, timbang wirang ngono batine.
“Ya wis nek ngono aku ya takleren kene wae karo
ngenteni balike layon ngulon.”
Batine saya kebak ing pitakonan. Awit lagi wae
ana layon digawa ngetan, malah saiki arep ana maneh
layon sing digawa ngulon.
Perihe dlamakan ilang rasane kesilep ngembulenge
batin bab layon.
“Jenengku Jul Buntung, omahku gandheng tritis
karo swargi Siwa Dara.”
Kanciludin banjur ngerti menawa layon sing arep
digawa ngulon maneh iku ora liya ya layon sing bar
liwat ing ngarepe. Kandhane warga ing kulon punthuk
kadhung janji wiwit sing isih cindhil abang paribasane
nganti sing wis engkek-engkek arep ngarak layone
Siwa Dara.
Dheg atine. Dheweke banjur kelingan nalika
semana bapake uga nate kandha yen arep ngarak
layone Siwa Dara yen samangsa-mangsa ditimbali bali.
Kamangka saiki bapake wis ndhisiki, ateges dheweke
sing kudu nyaur janji.
“Aku arep nyusul layone Siwa Dara.”
Nyat ngadeg karo kecangkikan digelak laku lan
playune nututi layon. Getihe sikil sing lagi mampet,
bali maneh mili deres kaya tatu-tatu sing disandhang
dening warga kulon punthuk. Getih netes sadawane
dalan sing diliwati. Malah saiki sing kiwa uga wis mili
Supriyoko | 14