Page 21 - THUKUL JADI_Neat
P. 21
Thukul ing Lemah Nela
“Sing mati Ki Siwa Dara, Pak Dhe,” wangsulane
karo ngetogake senenge ati, awit ing gegemane
tangane kebak dhuwik recehan sawuran nalika budhale
layon.
Kaya apa kagete Kanciludin krungu sauran yen
sing mati iku Siwa Dara. Sesepuh sing dedunung ing
waliking punthuk sakulon desane.
Pikirane ngembuleng. Arep dikubur neng endi kok
liwat kene? Kamangka ing desane kana ya ana
kuburan. Apa wis kebak, dadak dikubur ing kuburan
liya? Apa pancen ninggal wasiat?
Yen ora kleru, cilikane biyen nate melu wong
tuwane gugur gunung nggawe dalan iki. Malah nate
diajak bapake karo Siwa Dara menyang kantor otonom
methuki penggedhe kutha yen warga kulon punthuk
kepengin ngaspal dalan. Pancen ya Siwa Dara sing
mandhegani dadine dalan kanthi aran dalan aspal.
Rong sasi mbethethet warga etan punthuk lan
kulon punthuk nggawe dalan. Pinuju sore yen wis
padha leren. Montik sing kanggo ngelus dalan kanggo
tumpakan dheweke lan kanca-kancane. Wewayangan
lawas nalika semana lan nggrambyang pikirane tanpa
tepi. Saking nggrambyange pikir, layon saya adoh
nganti ora krungu yen ana sing ngaruh-ngaruhi
dheweke.
“Dhik Kancil, kok leren ana apa?
Dheweke mengo semu kaget.
13 | Menyang Tempuran