Page 11 - MODUL BAHASA JAWA KARSINI XI-dikonversi-converted
P. 11
sadean buku-buku lengganan kula kala semanten punika…..ingkang angiyup wonten ing
griyo mrika yen pinuju piyambakan kabeteng ing jawah …..inggih punika lo bu
priyantunipun,ingkang wonten ing ngarsa panjenengan punika.
“ Ooo…..dadi mengkono ta….kok bisa-bisane lo nindakake kaya mengkono,nak bud
kuwi.Supradene Endang dhewe kok ya kelakon nganti bisa pangling. Nganti suwe lan ketara
yenbanget ngelangut penggalihe bu martoswandoyo anggone ngular ular marang ubeng
iringe lelakon iku,nganti kantonnjegreglungguhe ana ing kursi kana ora obah ora polah wis
tingarah kaya tumanceping tugu manic marcu tunda ing kayangan jonggrang salaka.Suwe
katon monthak manhukketara banget yenmarem pikire. Nganti sawatara dina dheweke lerem
ana ing omahe Budyantoro, rumangsa krasan amarga dheweke tansah kesengsem banget
lan kelega
N atiku.Ing saben dinane tansah nungkuli dhewe reja lan ramane took kejawen laris lan akeh
banget lengganane katon yen maju temenan dedagangane.
Bareng wis seminggu anggone Bu Martoswandoyo ana ing kono lan sawise
karampungan bab sing wigati tinemu wis padha sarujuke tumrap lelayanane Endang
Sandyati lan joko Budyantoro dalah para sesepuhe kabeh.Bu Bu martoswandono nyuwun
pamit bali mulih menyang kampunge dhewe klawan didherekake dening Wndang Sandyati.
Ing wasana mung let sasen-sasen bae,ending sandyati karo jokor budyantoro
dilestarekake kanthi upacara sarana pasamuan cukup,andadekake sarwa luwih dening
marem rasa atine kang nganyaki,sumrambah marang lega-legawaning pikire para sanak
kadang kadeyan tangga teparo,pawing mitra luwih-luwih wong tuwane temanten sekarone
dalah para ahli warise kabeh padha suka parisuka.Para pinisepuh padha sika sukur marang
kang murbeng dumadi ,idenana sabda sabdane mrih mandi den widodo tinulis ddio kang
nembe nambut silaning akrami.
Kajaba mungWarsobo dewe kang cihnan cumengkah rasa ing pamikire.Kaya-kaya
krasa banget pait nyethak kang tansah muleg ana ing njeron telenging atine .Lair lan batine
Warsobo tetep ora liloa yen Endang Sandyanti ngliya jejodhohane saka dheweke.Ananging
kang mangkono iku cetha kendih dening kayatan ,tur ing atase dheweke tansah tinemu ora
mupakat dening kanalaran lan panilitining alumrah.
Mula Warsobo mung kari anggana ngentun kang ora weruh ing keblat lan tansah
kabutan dalan nganti samendung bae ora ana cahya kang madhangi marang pikire dheweke
pikire.mula nganti suwe hiya jalaran kang mengkono iku mau kagawa banget cupeting budine
anjalari dheweke nuli kataman nandhang lara urat syaraf.saya suwe saya ndadi,ngantibabjur
kaya ora ganep engetane saengga sayamajenun umingsir prassaningengetane
anggendhengi.
Dene temante anyar sakarone yaiku jaka larane Endang Sandyati karo joko
Budyantoro mau,sateruse uga lestari tulus kalising karengon rengating atine saking padha
dene sarwa bisa met sih siji lan sijine tansah mbudi adeging karahayon kayungyun angayahi
hayuning cahyati,tanpa tau angoncati mring iramining kudrating jejodhohane.
Mula kaya-kaya wis tekan titi wancine carita Iramaning Kasetyan Djati iki tutug rampung.
Kapetik saka :S>H>Purusa, Iramaning Kasetyan Djati ,Surakarta MAS
1966