Page 9 - MODUL BAHASA JAWA KARSINI XI-dikonversi-converted
P. 9

MATERI II
                                                                NOVEL

                      Novel yaiku salah sawijining sastra gancaran kang asipat fiksi duwe crita kaya
                      kadadeyan riyata lan nyritaake saperangan lakon paraga utamane.Novel iku kalebu
                      golongane satra jawa gagrak anyar utawa satra jawa modern.Novel lumrahe awujud
                      buku sanajan ana sing dibabar arupa crita sambung ing majalah utawa
                      kalawarti.Novel kang kamot wujud sambung lumrahe kacekak,dawane ora kaya sing
                      wujud buku .Novel cendhak ngene ik karan novelette ( novel cendhak )
                                           MACA PETHIKAN NOVEL IRAMANING KASETYAN DJATI

                   A Maca Pethikan novel Iramaning Kasetyan Djati

                   Wacanen pethikan novel “Iramaning Kasetyan Djati “ iki kanthi setiti !

                                            Pituase Wong Tumenan Karo sing Wegahan.
                   Sawise oleh pitung dina anggone kirim laying pinuju ing dina minggu,took-toko ing kutha
                   Sragen akeh kang padha tutup.Semana uga ing took Kejawan sing saben dinane katon rame
                   banget.dina iku katon sepi.sing katon menga sesisih bae.
                   Ing wektu esuk sakngarepe lawang mau Endang lan Budiyantoro padha ngadeg ana ing kana
                   padha menganggo anggon-anggon lelungan.Wong loro mau sedhela-sedhela pijer ngungak-
                   ugak ing arah wetan,katon kumebul peganing rokok kang diisep dening joko bdiyantoro,kaya-
                   kaya ana wong sing dienteni.Ora suwe saka wetan kono katon ana becak kang ditumpaki
                   dening wong lanang wadon loro mara mrono.
                           Satekane  ing  ngarep  took  becak  mau  mandeg  penmpange  banjur  padha
                   mudhun.Sawise ongkos kabayar wong loro mau banjur padha mlebu ing lawang took mau
                   karo celathune:”Wis kana Bud,yen kowe arep budhal mumpung isih esuk lo.aku karo ibumu
                   tunggu omah .”Inggih, Pak.kulo kepareng budhal sapunika kemawon.”
                   Endang sadyati sawuse masrahake pangunjukan lan nyamikan kang wis cumawi kang wis
                   Cumawis ana meja kagem wong tuwane Joko Budiyantoro sekaliyan mau,dheweke ugaa nuli
                   pamitan lan banjur padha mlaku mangetan turut pinggire dalan kono.Satekane ing setanplat
                   bis wong loro maau padha mandheg ,mrep mangulon.Akeh bis-biskang padha lunga teka
                   padha genti- genti.Apadene para penumpang kaya padatan munggah uyel-uyelan nganti wor
                   suh karo wong sing padha mudhun . saben ana bis teka wong loro mau anngone ngawasake
                   nganti njinggleng lan olehe ngulatake wong-wong sing padha mudhun siji-siji.
                           Dumadhakan  bring  weruhsalah  sawijining  wong  wadon  nggawa  koper  lankreneng
                   mudhun  pemudhi  lan  pemudha  mau  padha  rerikatan  marani  wong  mauperlu  methukake
                   celathune.”la  kae  mas  ibu  rawuh………”  “Bu  ………….  Pundi,Bu.  Punika  kula  ampilipun
                   koperipun  supados  dipun  ampilaken  Mas  Budi  punika  kemawon.  Sampun  pundi,  Bu
                   Koperipun kula ampilaken kemawon.Sampun mangga kula dherekaken kondur tindak darat
                   kemawon,bu.Sampun celak sanget kok bu.”Ibune Endang Sandyatiu,uga banjur ngulungake
                   kreneng marang putrane dhewe dene kopere
                   Nuli  di  tampa  lan  digawaake  dening  pemudha  mau.Wong  telu  banjur  padha  bebarengan
                   lumaku  tumuju  menyang  took  kejawan.Satekane  ing  took  kono  njujug  ing  omah  buri
                   dipethukakedening  wong  tuwane  Joko  Budyantoro  sekaliyan  kang  nunggu  ana  ing
                   omah,kanthi  rumahab  nggone  padha  ngancani.”Mangga  mangga,Dhi  kula  aturi  pinarak
                   tindak  lumebet  kemawon  mangga  sami  lenggah  ngriki.”  “Inggih,kulo  nuwun,bakyu.kulo
                   nuwun kangmas.” “ Inggih,inggih,Dhi mangga lenggahipun
   4   5   6   7   8   9   10   11   12   13   14