Page 25 - 129.cdr
P. 25
Laras
Kunciné Séhat
B ali jamangan ashar neng mushola, Pangat poto : kitabisa.com
ora langsung mlebu ngumah, ning
njagong dhisit neng jengkok ngarep
ngumah, karo ngrokok, ndelengna bocah
cilikan padha playon, ana sing sunda
mandah, dhir-dhiran, ana sing dolanan pétak- lawuh endhog, krupuk, sosis, naget, mie instan,
umpet. Kaya bocah mau, seneng pisan. Kayané koh angger lawuhé udu kuwé ora gelem dédulang.
padha séhat-séhat, ora nduwéni rasa kesel.
“Nggih leres, Kyai. Putu kula nggih nedhiné mandan
Ning basan kémutan putuné dhéwék sing umuré angél.”
wis limang tahun, kuduné wis kudu mlebu PAUD,
ning urung désekolahna merga mriyang, lara- Kyai Pingi mandheg sedhéla merga bojoné Pangat
laranen. nyandhingna wédang karo nyamikan budin
dérawun.
Kebeneran Kyai Pingi sing liwat weruh Pangat agi
nglogog, njur mampir. “Mangga, Kyai désambi,”
“Iya, Yu. Kesuwun...” Kyai Pingi nyemauri, njur
“Kenangapa, ko, dénéng kayong ora bombong, ngunjuk wédang bening sing désandhingna. Bareng
Ngat?” takoné Kyai Pingi marakna Pangat njenggirat wis ngunjuk, njur ngendika maning.
kagét, njur agé-agé menyat lan aséng Kyai Pingi kon
lenggah neng risban. “Mumpung bocahé ésih cilik, lan moga-moga urung
keri, jajal gawé panganan sing kira-kira désenengi
“Agi ana masalah apa?” Kyai Pingi takon maning bocah ning akéh giziné. Kudu kreatif. Mulané aja
bareng wis lenggah neng risban. cokan mikir sing ora-ora, mriyangé putuné ko, udu
merga jin, ning giziné kurang. Mulai siki dételaténi.
“Niku Kyai, ningali laré dadi kemutan putuné kula si Bocah kuwé titipan sekang Gusti Allah sing kudu
Zahra sing mriyangén. Napa leres niku merga déjaga ora mung akhlaké thok, ning uga giziné, lan
déganggu teng jin wit ageng neng pinggir désa ngusahakna apa sing déwékén kuwé sekang kasil
nika?” sing halal. Lan siki jéré arep déadhéni putuné ko?”
Kyai Pingi ngepuk-puk pundhaké Pangat. “Aja cokan “Nggih, Kyai.”
duwé pinemu kaya kuwé. Jajal déémut-émut, apa “Mulai siki, dégatékna keséhatané si Biyung. Apa
iya putuné rika kawit cilik wis déwéi panganan sing sing dépangan kudu ana giziné lan débisaa
ana giziné? Wong inyong krungu jéré rika saben mengkoné angger wis lair goli nyusoni paling
ndinané si olih iwak angger njala, ning inyong ya sethithik lawasé rong taun, supayané bayiné dadi
krungu, jéré iwaké ora nggo lawuh keluwargané, bayi sing séhat. Si Zahra ya kudu dégatékna giziné
klebu putuné rika, ning kabéh dédol neng pasar ora supayané angger adhiné lair wis ora mriyangen
déngéhna malah cokan nggo tuku rokok.” maning, dadi ora dadi pikiran. Mulané, mengko
anakmu déjagongna lanang wadon, kon aja maido
Pangat sing détakoni kyainé mung bocah sing mangané angél, ningén kudu njaga
ndingkluk, sebab pancén ya kaya bareng-bareng nggolét solusi kepriwé supayané
kuwé. Angger tes njala iwaké dédol doyan mangan sayuran, woh-wohan, daging, iwak,
kabéh, njur nggo tuku rokok, pokoké sing ana giziné. Kadar ko karo bojomu wis
beras, lenga karo gésék. Lawuh legan ikih, jajal nggolét selané supayané si Zahra
sing jéré 4 séhat 5 sempurna gelem mangan bergizi, ngetut salah siji apa sing
kayong ora tau. Kejaba kuwé déngendikakna daning Kanjeng Nabi Muhammad
putuné ya ora doyan sayuran SAW, jaga séhatmu sedurungé mriyang.” (Kang
lan woh-wohan. Senengé Narso)
Joko Tri Winarso, SE
129/Taun XI/Februari 2021 ANCAS 25