Page 13 - 12 FLIP
P. 13
Patih Indrasekti : O, iki ta duta saka Tuban? Ha..ha..ha..
Raden Sadara : Ngertenana, yen ta cethane Kangmbok Retna Kumala bakal
didhaupake karo kakangku, Wiratmaya. Malah wis ditetepake
yen ta dina dhauping penganten nuju dina Anggara Kasih.
Patih Indrasekti : Kuwi rak rembugmu karo Adipati Sasranegara. Saiki rembugmu
karo aku sing bakal kanggo, kowe balia kandhaa yen ta Retna
Kumala wis dadi garwane Adipati Indrakatong.
Raden Sadara : Kekarepanmu bisa klakon yen wis bisa nyempal bau kanan
keringku.
Patih Indrasekti : Patembayamu dakwujudi.
Perang....
Bausastra :
njanur gunung : kadingaren
mundhi dhawuh : ngestokake dhawuh,
nanjihaken : nakokake, njaluk katrangan
barung sinang : nyela-nyela wong guneman
medal pasilan : metu saka pisowanan
hari anggara kasih : dina selasa kliwon
duta : utusan
Pitakonan-pitakonan ing ngisor iki ana gegayutane karo wacan, mula wangsulana
kanthi patitis. Pawangsulan kang bener bakal nambahi kawruhmu babagan jinis lan
karakteristik unggah-ungguh basa ing pacelathon!
1) Drajate paraga Raden Sadara karo Adipati Sasranegara iku luwih luhur sing
endi ? Coba kanthenana bukti kanggo nyengkuyung wangsulanmu iku!
2) Kepriye wujude basa kang dianggo ing pacelathon antarane Raden Sadara karo
Adipati Sasranagara mau? Apa sebabe kok basa kang dianggo paraga loro mau
beda?
3) Apa sebabe nalika sepisanan rembugan karo Patih Indrasekti, Adipati
Sasranegara migunakake basa krama, lan sabanjure nganggo basa ngoko?
4) Basa apa sing digunakake nalika lagi nesu?
5) Ing pacelathon mau ana rakitane tembung kang kadhapuk saka tembung
krama lan ngoko. Coba golekana, banjur terangna apa sebabe kok mangkono
mau!
6) Saka wacan ing dhuwur, ana telung jinis ragam basa kang digunakake, coba
aranana lan wenehana tuladha ukarane!
Pasinaon 2: Makarya Bebarengan Babagan Teks Drama
Makarya bebarengan sajroning klompok kang bakal katindakake awujud
ngrakit teks pacelathon utawa teks drama lan maragakake teks drama kang wis
karakit.
12 Sastri Basa /Kelas 12