Page 9 - 12 FLIP
P. 9

22    Devi    :  Sekar Kirana
                      Vivi
                23               Nyapa?
                      Devi       Nyritakake wong wadon sing ayu nanging gagah, dadi teliksandi
                24            :
                      Vivi       kanggo nglawan penjajah.
                25            :
                                 Dev,  apa cita-citamu?
                26    Devi    :  Penari kondhang, nyipta  tari khas saka desaku, sukses  sing
                                 penting bisa dadi dermawan....

                27    Vivi    :  Sukses ya Dev....



               Setitekna pethikan pacelathon/drama ing ngisor iki!

               1   Dayang Ceplis   :   “Ndara Putri, kok Panjenengan ketingal sayah. Kula pijeti
                                      kersa?”
               2   Nyai Baka      :   “Yo kene ndang pijetana. Karo aku ki pengin takon.”
               3   Dayang Ceplis   :   “nDangu  menapa ta, Ndara Putri?”
               4   Nyai Baka      :   “Aku ki arep takon. Jamu nggo diet ki apa ta?”
               5   Dayang Ceplis   :   “Lah kok Panjenenganipun mundhut pirsa kula ta, Ndara?”
               6   Nyai Baka      :   “Ya, aku ki kepengin kaya awakmu sing singset kuwi lo!”
               7   Dayang Ceplis   :   “O,  kula niki mboten diet Ndara, namung  sregep Senin
                                      Kemis. Kenging napa Ndara kok ngersakaken diet niku?”
               8   Nyai Baka      :   “Ngene lho, Ndara Kakung ki ngersakne  aku diet,
                                      ngendikane, lha pipiku ketok ginuk-ginuk saiki.”
               9   Dayang Ceplis   :   O....?


               Sarampunge  nyetitekake  pacelathon/pethikan  drama  ing  dhuwur,  jangkepana  tabel
               ing ngisor iki!

                No       Ukara                                               Ragam Basa

                1        Assalamualaikum...Ibu, kula kepengin pinanggih Devi.    .....................

                2        Waalaikumsalam....O, Vivi, kene! Kae Devi ana mburi.     .....................
                3        Inggih, Ibu badhe tindak dhateng pundi?              .....................

                4        Daleme Pak RT, arisan.                               .....................

                5        Wis, tutugna jagongane!                              .....................

                6        Inggih, sampun kesupen, mangke kondur ngasta jajan,    .....................
                         inggih, Ibu.



               8                                                         Sastri Basa /Kelas 12
   4   5   6   7   8   9   10   11   12   13