Page 6 - 12 FLIP
P. 6

Ibu    : Aja kesusu turu, solat isyak dhisik, Rin!
               Rina   : Inggih, Buk. Kula sampun solat.
                        Menawi Ibuk sampun sayah, mangga sare rumiyin!

               Tuladha 3
               Ibu    : Bapak wis dhahar?
               Bapak  : Wis, ngenteni Ibu kesuwen. Dakkira durung kondur.
               Ibu    : Lagi wae, Pak. Kanca-kanca ngajak mampir daleme Bu Wira.
               Bapak  : Lo, Bu Wira wis kondur ta?
               Ibu    : Mau awan. Didherekake putra ragile.
               Bapak  : Mas Banu ta?
               Ibu    : Ya.
               Bapak  : Mas Banu kae sida ngasta na ndi ta Bu?
               Ibu    : Dinas Pariwisata kota, Pak.
               Bapak  : Syukurlah.

               Sarampunge nyemak andharan lan tuladha ing dhuwur, rampungna garapan ngisor
               iki!
                   1.  Pacelathon ing tuladha 1 nggunakake ragam basa apa?
                   2.  Pacelathon ing tuladha 2 nggunakake ragam basa apa?
                   3.  Pacelathon ing tuladha 3 nggunakake ragam basa apa?
                   4.  Kena apa saben pacelathon nggunakake ragam basa kang beda-beda?

               Garapan 2: Njlentrehake Karakteristik Unggah-Ungguh Basa
                     Kanggo  nyumurupi  ragam  basa  Jawa,  kita  kudu  weruh  tatanan  tembung-
               tembung kang nduweni karakteristik kang beda-beda. Gatekna tabel ing ngisor iki!




                                               UNGGAH-UNGGUH
                                                    BASA





                             BASA NGOKO                              BASA KRAMA






                   NGOKO LUGU           NGOKO ALUS        KRAMA LUGU           KRAMA ALUS





               Sastri Basa /Kelas 12                                                       5
   1   2   3   4   5   6   7   8   9   10   11