Page 5 - 12 FLIP
P. 5

Adhedhasar  gunane  basa  kasebut,  njalari  thukule  ragam  basa  Jawa  kang  cundhuk
               karo tataran utawa unggah-ungguhe. Dene unggah-ungguh iku kapatrapake marang
               sapa, apa kang dirembug, ing endi, sarta ing kahanan kepriye basa iku digunakake.



               Pasinaon 1: Modhel Pinilih Teks Pacelathon

                     Ing  pasinaon  iki  para  siswa  bakal  kaajak  ngidhentifikasi,  mahami,  lan
               nganalisis  panganggone  basa  lesan  ing  sadhengah  kahanan  kanthi  trep
               tatakramane.  Kanthi  rasa    seneng  kaajab  para  siswa  bisa  mangerteni  unggah-
               ungguh,  karakteristik,    lan  panganggone  basa  ing  teks  pacelathon,  sarta
               mangerteni isine teks. Kanthi grengseng lan rasa tresnane marang basa Jawa, para
               siswa uga kaajab bisa makarya bebarengan ngrakit  teks pacelathon, maragakake
               teks  pacelathon  kaya  satatane  teks  drama,  sarta  aweh  komentar  marang
               pamaragane kanca-kanca liyane.

               Garapan 1: Njlentrehake Unggah-Ungguh Basa
                     Undha-usuk ing basa Jawa iku bakune mung ana loro yaiku ragam ngoko lan
               ragam  krama.  Basa  ngoko  iku  basa  kang  kaprah  digunakake  ing  padinan  lan
               watake rumaket. Yen tetembungane awujud ngoko lugu utawa wantah diarani basa
               ngoko  lugu,  menawa  tetembungane  kacampuran  tembung-tembung  krama
               kagolongake  basa  ngoko  alus.  Dene  yen  tetembungane  mligi  krama  kagolongake
               basa krama. Ragam basa krama utawa basa kurmat iku basa kang nduweni drajad
               sadhuwure basa ngoko. Basa krama luwih alus lan nduweni surasa luwih ngajeni.

               Gatekna tuladha ing ngisor iki!

               Tuladha 1

               Bagus  : Drun, nyang ndi?
               Badrun : Lapangan, melu ta?
               Bagus  : Gak, kadhung semayan karo Adul.
               Badrun : Ana acara, ta?
               Bagus  : Biasa, motor anyar, Mas Brow.
               Badrun : Ati-ati, aja ugal-ugalan!
               Bagus  : Weleh, kaya wong tuwek ae, tutur-tutur!
               Badrun : (nggremeng) Diomongi kon ngati-ati kok malah begejegan

               Tuladha 2
               Ibu    : Rin, sinaumu wis rampung?
               Rina   : Sampun, Buk.
               Ibu    : Kok sik umeg, nyapa kowe?
               Rina   : Punika ringkes-ringkes, Buk.


               4                                                         Sastri Basa /Kelas 12
   1   2   3   4   5   6   7   8   9   10