Page 8 - 12 FLIP
P. 8

Garapan 3: Njlentrehake  Panganggone Unggah-Ungguh Basa
                     Adhedhasar  garapan  2,  kita  bisa  mbedakake  jinise  tembung  kang  ndhapuk
               anane  ragam  basa  ngoko  lan  krama.  Kepriye  carane  mbedakake  panganggone
               unggah-ungguh basa?
               Setitekna tuladha pacelathon ing ngisor iki!

                1     Vivi    :  Assalamualaikum...Ibu, badhe pinanggih Devi.

                2     Ibu     :  Waalaikumsalam....O, Mbak Vivi, kene! Kae Devi ing mburi.

                3     Vivi    :  Inggih. Ibu badhe tindak pundi?

                4     Ibu     :  Daleme Pak RT, arisan. Wis tutugna jagongane!

                5     Vivi    :  Inggih, sampun kesupen, mangke kondur ngasta jajan, inggih,
                                 Ibu.

                6     Ibu     :  Ya.

                7     Vivi    :  Dev, piye rasane dinobatne  penari cilik sa-kabupaten?

                8     Devi       :  Wah...seneng banget!
                9     Vivi    :  Dev,  sapa sing ngajari kowe  nari?

                10    Devi    :  Ibuku.

                11    Vivi    :  Wiwit  kapan kowe latihan nari?

                12    Devi    :  TK. Yen ibuku ngajari muride aku ndeleng, ngrusuhi, lan tiru-tiru.

                13    Vivi    :  Ngrusuhi? Gak didukani?
                14    Devi    :  Ya jelas didukani. Nanging bareng ibu pirsa aku pinter, malah
                                 diajari.

                15    Vivi    :  Kowe wis tau  pentas ping pira ?

                16    Devi    :  Gak kena dietung.
                17    Vivi    :  Wah, akeh no tarine?

                18    Devi    :  Genah.

                19    Vivi    :  Apa wae?

                20    Devi    :  Gambyong, Srimpi, Remo, Golek, Sekar Kirana, Tunggulwulung,
                                 Sekarwilis, Giring Caplokan, Seruni, Sekarpegon, lan liya-liyane.
                21    Vivi    :   Sing paling kosenengi tari apa?



               Sastri Basa /Kelas 12                                                       7
   3   4   5   6   7   8   9   10   11   12   13