Page 7 - 12 FLIP
P. 7

Tuladha:


                                 TEMBUNG MANUT UNGGAH-UNGGUHE
                                                                     Krama Alus
                       Ngoko Lugu             Krama Lugu
                                                                       (Inggil)
                     aku                 Kula                     kula
                     kowe                sampeyan                 panjenengan
                     lungguh             linggih/ lenggah         pinarak
                     nulis               nulis                    nyerat
                     maca                maca                     maos
                     gelem               purun                    kersa
                     mulih               wangsul                  kondur
                     lara                sakit                    gerah
                     mangan              nedha                    dhahar
                     turu                tilem                    sare
                     adus                adus                     siram
                     lunga               kesah                    tindak
                     teka                dugi                     rawuh
                     ngomong             matur                    ngendikan
                     nggawa              mbekta                   ngasta

               Tembung-tembung  kang  ana  ing  sajrone    tabel  kepriye  mungguh  pangrakite  dadi
               ukara?  Bab iku gumantung marang sapa sing rembugan, apa sing dirembug, ing endi
               olehe rembugan, kepriye kahanane, lan apa tujuane.

               a.  Kanggo gladhenmu, rampunga garapan ing ngisor iki!
                   1)  Gawea ukara nganggo tembung-tembung ngoko 3 wae!
                   2)  Gawea ukara nganggo tembung-tembung krama lugu 3 wae!
                   3)  Gawea ukara nganggo tembung-tembung krama alus (inggil)  3 wae!
                   4)  Gawea ukara nganggo tembung ngoko kacampur tembung krama alus 3 wae!
               b.  Jangkepana tabel ing ngisor iki!

                                           Tembung Krama         Tembung Krama Alus
                                                 Lugu                   (Inggil)
                     mlaku               ....                   tindak
                     arep                ....                   badhe
                     numpak              ....                   nitih
                     ....                gadhah                 ....
                     ....                ngretos                ....
                     ....                nyipeng                ....
                     ....                ....                   midhanget
                     ....                ....                   mriksani
                     ....                ....                   ngagem
                     tangi               ....                   ....
                     tuku                ....                   ....
                     anak                ...                    ....


               6                                                         Sastri Basa /Kelas 12
   2   3   4   5   6   7   8   9   10   11   12