Page 4 - 12 FLIP
P. 4
Yen para siswa maspadakake gambar-gambar kasebut mesthine bisa ngggraita,
kang kacetha ing gambar kira-kira lagi nindakake apa? Jagongan! Wangsulane ana
kang jagongan, ana uga kang ngarani cangkrukan. Ing satengahe acara jagongan
lumrahe banjur padha imbal wacana. Ana jagong bayi, jagong manten, jagong
boyongan omah, utawa mung waton jagongan utawa cangkrukan. Mesthi wae paraga
sarta bab kang dirembug saben jagongan beda-beda. Minangka pribadi kang lantip,
rerembugan kudu bisa empan papan. Ing endi lan karo sapa kita rembugan mesthi
ana bedane. Jagongane wong ing warung kopi mesthine uga beda kang dirembug
karo jagongane ibu-ibu, bocah sekolah, bocah kuliahan, para pegawe, para intelek,
apa dene politikus, mesthine beda kang dirembug lan beda panganggone basa.
Coba setitekna maneh patrap solah bawa kang ana sajroning gambar ing dhuwur!
Sabanjure wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
1) Manut pamawasmu gambar nomer 1.1, 1.2, 1.3, lan 1.4 ngrembug apa?
2) Manut pamawasmu sing rembugan ing gambar nomer 1.1 iku sapa wae?
3) Manut pamawasmu gambar nomer 1.5 lan 1.6, ngrembug apa?
4) Manut pamawasmu sing rembugan ing gambar nomer 3 iku sapa wae?
5) Manut pamawasmu kang kacetha ing gambar nomer 1.7 lan 1.8 sing rembugan
sapa?
6) Manut pamawasmu kang kacetha ing gambar 1.7 lan 1.8 kahanane piye?
7) Manut pamawasmu apa saben paraga ing gambar olehe rembugan nganggo
basa kang padha? Geneya mangkono?
Adhedhasar pamawasmu ngenani gambar ing dhuwur, pangetrape basa ing saben
patemon, pacelathon, janggongan, utawa cangkrukan beda-beda. Miturut gunane
basa kaperang dadi telung golongan, yaiku:
GUNANE BASA
BASA IBU BASA ILMU BASA BUDAYA
Katrangan:
Basa Jawa minangka basa ibu, jarwan bebas saka kamus basa Indonesia, basa ibu
yaiku basa asli kang digunakake dening para penutur basa wiwit lair, awit saka
sesambungane kulawarga utawa masyarakat sakiwa tengene. Lumrahe panganggone
basa ibu kanthi lesan.
Basa Jawa minangka basa ilmu, yaiku basa digunakake kanggo medharake saweneh
kawruh. Bisa awujud basa lesan lan basa tulis.
Basa Jawa minangka basa budaya, basa Jawa mujudake salah sijine budaya Indonesia
kang diakoni adiluhunge dening wong Jawa apa dene wong-wong manca negara.
Sastri Basa /Kelas 12 3