Page 11 - 12 FLIP
P. 11

3     Ragam krama      Wong/bocah       nom  Putri ratu marang abdi kang luwih
                      lugu             kang nduweni pangkat  tuwa:
                                       kang  luwih  dhuwur  Yung, sampeyan tumbasne jajan.
                                       marang  wong  tuwa
                                       kang dadi andhahane    Kang, kula nedhi pari sampeyan.

                4     Ragam krama      Abdi  marang  bendara  Ceplis marang Bendarane:
                      alus             utawa    wong    asor
                                       marang   wong    sing  “O,  kula niki mboten diet Ndara,
                                       luwih  dhuwur  pangkat  namung    sregep  Senin  Kemis.
                                       utawa drajate.         Kenging   napa    Ndara    kok
                                                              ngersakaken diet niku?”


               Garapan 4: Njlentrehake Isine Pacelathon/Drama
                     Sawise  ngrembug  babagan  unggah-ungguh  basa,  jinis,  karakteristik,  sarta
               panganggone. Ing garapan iki ayo bebarengan nyurasa isine pacelathon/teks drama!
               Semaken teks drama ing ngisor iki, banjur wangsulana pitakon-pitakone!

                                   SRI HUNING MUSTIKANING TUBAN


                Adegan I : Kadipaten Bojonegoro
                Pasewakan  Kadipaten  Bojonegoro  nampi  rawuhipun  utusan  saking  Tuban  nanjihaken
                perkawis dhaupipun R.Wiratmaya lan Retna Kumala.
                Adegan kawitan kanthi sungkeming para nayaka dhumateng Adipati Sasranagara.

                Raden Sadara       :  Paman Adipati, kula ngaturaken sungkeming pangabekti mugi
                                      konjuk.
                Adipati            :  Ya ngger, Sadara. Daktampa, ora liwat pamujiku tampanana.
                Sasranagara
                Raden Sadara       :  Inggih, kula pundhi mugi ndadosaken jimat paripih, Paman.
                Adipati            :  Njanur  gunung  dene  kowe  sowan  ana  ing  Bojonegoro,  apa
                Sasranagara           pancen ana wigati?
                Raden Sadara       :  Inggih, sowan kula estunipun mundhi dhawuh  Rama Siralawe
                                      ing  Tuban  saperlu  nanjihaken  bab  jejodhoan  antawisipun
                                      Kakang Wiratmaya kaliyan Kangmbok Retna Kumala, Paman.
                Adipati            :  Ha..ha..ha..ha..pancen  nalika  semana  aku  klawan  ramamu
                Sasranagara           duwe  kekarepan  bakal  ngraketake  paseduluran  kanthi
                                      njodhokake  Wiratmaya  klawan  putriku  Retna  Kumala.  Apa
                                      pancen ramamu ngersakake jejodhoan iki dibacutake?
                Raden Sadara       :  Punten Dalem Sewu, Paman. Sedaya menika leres. Nyatanipun
                                      Rama  Adipati  Siralawe,  ngutus  kula  sowan,  saperlu
                                      nyuwunaken pirsa babagan jejodhoan menika. Saha  minangka
                                      duta  saking  Tuban  asung  panglamaripun  Kakang  Wiratmaya,
                                      Paman.
                Adipati            :  Ya…ndadekake  bungahing  atiku  yen  pancen  kaya  mangkono.


               10                                                        Sastri Basa /Kelas 12
   6   7   8   9   10   11   12   13