Page 5 - bahasa jawa cerita rakyat kelas 7 (3)_Neat
P. 5

Wacanen teks ing ngisor iki!






                                                                             SRI TANJUNG



          Jaman biyen ing negara Sindureja, kang jumeneng ratu asma



      Prabu Sila Hadikrama. Negarane, subur makmur loh jinawi, tata


   tentrem kerta raharja, rakyate urip cukup sandhang, pangan, lan


         papan. Ananging Prabu Sila Hadikrama lagi nandhang dhuhkita



           amarga Sang Prameswari lagi nandhang gerah ora dhangan-



      dhangan. Prabu Sila Hadikrama utusan patihe kang asma Raden


             Sidapaksa nggolekake obat kagem Sang Prameswari. Patih


            Sidapaksa sowan eyange Sang Bagawan Tambang Petra ing



           padhepokan, nyuwunake obat kagem Sang Prameswari. Patih



         Sidapaksa kuwi isih turun Pandhawa, mula saliyane priyantune


                bagus, gagah prakosa, uga sekti mandraguna.  (Orientasi)







              Ing padepokan, Patih Sidapaksa ketemu prawan sing ayune



      banget, solah bawane alus manuhara, lan nengsemake pandulu.


  Prawan ayu mau asmane Dewi Sritanjung. Sritanjung pancen beda


  karo prawan-prawan liyane amarga sejatine Sritanjung lahir saka



     ibu widodari. Patih Sidapaksa kepencut marang Sritanjung, kaya



             tumbu oleh tutup, semono uga Sritanjung. Kekarone banjur


            nambut silaning akrami. Sarampunge palakrama, Sritanjung


     kaboyong menyang kraton Sindureja lerem ing dalem kepatihan.



              Prabu Sila Hadikarma bareng pirsa Sritanjung kesengsem,



      kayungyun mring kasulityane Sritanjung tanpa kinawruhan Patih


         Sidapakasa. Rina wengi Prabu Sila Hadikrama golek cara piye


                bisane ngrengkuh Dewi Sritanjung. Ndadekake Prabu Sila



                                           Hadikrama kerasukan watak julig culika.



     ” Patih Sidapaksa, ingsun ngaturaken agunging panuwun, sliramu


         wis bisa minangkani kersaningsun, Prameswari wis waluya jati


             kaya wingi uni. Ananging isih ana maneh jejibahan sing kudu



   koksarirani dhewe, yaiku ngaturake nawala menyang swargaloka,



            katur para dewa bukti suka panarimaku marang kabeh kang


          kaparingake ing negara Sindureja”, pangandikane Prabu Sila


                                 Hadikrama ing pasewakan agung.  (Komplikasi)
   1   2   3   4   5   6   7   8   9   10