Page 9 - bahasa jawa cerita rakyat kelas 7 (3)_Neat
P. 9
Tugas 2: Nyemak Struktur Teks
Crita Narasi
Sawise maca lan nyemak teks crita ” Sritanjung” bakal
ditemokake urut-urutane crita/struktur teks kaya katerangake ing
ngisor iki.
a. Orientasi, ana ing paragraf kang nepungake paraga-paraga ing
teks, panggonan kanthi njelaskake ciri-ciri: Patih Sidapaksa,
Sritanjung, Negara Sindurejo lan sapanunggalane.
b. Komplikasi, ana ing paragraf kang njelasake ana prastawa,
prakara kang dadi undheran crita : ketemune Patih Sidapaksa karo
Sritanjung, gandrunge Prabu Sila Hadikrama marang Sritanjung lan
sapanunggalane.
c. Klimaks, bisa katitik saka paragraf kang njelasake prastawa lan
prakara- prakara ing teks kasebut dadi ruwet banget lan
nyedhake nemokake kesimpulan/nemokake cara kanggo ngudhari
prakara kang ruwet.
d. Resolusi, katitik ing paragraf kang njelasake dalan/cara kang
dipilih kanggo ngudhari reruwet, bisa ndadekake apik (happy
ending) bisa uga ndadekake elek(sad ending).
e. Koda/amanat, njelaskake kesimpulan/dudutan, lan nilai budi
pekerti umum kang bisa dituladha.