Page 7 - bahasa jawa cerita rakyat kelas 7 (3)_Neat
P. 7
” Oh dadi ngono ya patrapmu, rupa ayu mung samudana, kanggo nutupi
tumindak dursilamu, kendho tapihmu, ditinggal kakung ngleboke kakung
liya.” Ora kanyana Patih Sidapaksa wis rawuh ing taman sari kepatihan,
pasuryane abang mbranang kebak kamurkan.
Kagyat sang Prabu Sila Hadikrama, dasar wis kepanjingan watak julig culika,
mula kanggo nutupi tumindake malah mitenah Dewi Sritanjung.
” Pangapuramu Patih, pancen garwamu Sritanjung kuwi murang tata, dudu
wanita utama.” Ngono pangandikane Prabu Sila Hadikrama.
” He..., Sritanjung ora pantes sliramu urip ing ngalam donya, delahan
panggonanmu”. Sora pangandikane Patih Sidapaksa. (Klimak)
” Aduh kakangmas Sidapaksa, nyuwun agunging pangaksami, punika boten
kados ingkang panjenengan pirsani, kula boten nggadhahi tumindak
ingkang nerak kasusilan”. Dewi Sritanjung nyoba atur pambela
diri. Ananging ora dipaelu dening Patih Sidapaksa.
” Inggih sampun Kakangmas, menawi panjenengan sampun boten
kersa mirengaken atur kawula, kula pasrah jiwa raga, ananging
perlu kawuningan lan mangga sineksenan bumi langit saisinipun,
mbokbilih sanjata panjenengan tumawa ing raga kula, ingkang
muncrat rah ateges kula ingkang lepat, menawi ingkang muncrat
toya angganda arum, punika paring tenger bilih kula boten lepat
lan boten anggadhahi tumidak dursila.” Tanpa ngenteni, sanjata
keris tumacep ing dadane, saking tumamcep sanjata keris
medhal toya angganda arum, Sang Dewi Sritanjung pralaya ing
astane Patih Sidapaksa. (Resolusi)
Patih Sidapaksa nglumpruk tanpa daya pindha kalolosan otot
bebayune, amarga getun ora kersa nggugu ature garwane.
Kawetu pangandikan ,” Besuk yen ana rejane jaman panggonan
sedane Sritanjung iki karan Banyuwangi, amarga kasiram banyu
angganda wangi saka anggane yayi Sritanjung, ya iki arane sapa
becik kethithik, sapa ala ketara.(Koda)