Page 6 - bahasa jawa cerita rakyat kelas 7 (3)_Neat
P. 6

Sendika dhawuh Sinuhun, kula pundhi sedaya dhawuh paduka,



                    mugi saged angayahi jejibahan punika”. Patih Sidapaksa


              nyanggemi kabeh dhawuhe Sang Nata, tanpa ngaweruhi niat



        satemene saka Prabu Sila Hadikrama sing kepingin nyingkirake


                               Patih Sidapaksa, amarga kepingin nggonjak Dewi


                                                                                         Sritanjung.


    Sejatine nawala kang kudu diaturake kagem para dewa mau isine



                ”Sapa sing nggawa nawala iki arep mbalela maranga para


                                                                                                dewa.”



         ” Yayi Dewi Sritanjung, pun kakang lagi kodheng, amarga kudu


          ngayahi jejibahan kang mokal kelakone pindhane ngarep-arep


      udan ing wayah ketiga, cebol nggayuh lintang, apa sliramu kersa



     paring pambiyantu?” Pangandikane Patih Sidapaksa sarawuhe ing


                                                                                dalem kepatihan.


                ” Aduh Kangmas Sidapaksa, boten usah kodheng panggalih



            panjenengan, kula sabiyantu panjenengan angayahi jejibahan


             punika. Kula nggadhah slendhang mustika paringanipun Bapa


     Rama Raden Sudamala, ingkang nglantaraken panjenengan sowan



           dhateng para dewa wonten ing swargaloka.” Dewi Sritanjung


      enggal nyamektakake slendang mustika, minangka srana tindake



                      Patih Sidapeksa tumuju Swargaloka sowan para dewa.


                    Cekaking crita satekane ing Swargaloka, nalika nawala


        diaturake para dewa sakala Patih Sidapaksa diajar lan dipilara



       amarga dianggep arep mbalela. Patih Sidapaksa lagi weruh yen


             isine nawala pancen sengaja kanggo nyingkirake piyambake.


      Amarga saka ora kuwawa nadhahi panandhange, Patih Sidapaksa



         sambat nyebut para leluhur Pandawa. Para Dewa nembe pirsa


     yen ta kabeh mung salah paham amarga saka trekahe Prabu Sila


     Hadikrama, mula banjur dikeparengake kondur menyang Sidureja



                                                                lan kaparingan kanugrahan.


     ” Aduh yayi Dewi Sritanjung wong ayu, leganana brantaningwang,


            sapanjalukmu dakturuti” Lali purwa duksina, tanpa suba sita,



        murang tata Prabu Sila Hadikrama nyoba ngungrum, kayungyun


                     gandrung-gandrung kapirangu marang Dewi Sritanjung.


       ” Pangaputen Sang Prabu, mangga kula aturi enget, kula punika



               garwanipun Patih Sidapaksa, kula punika sampun kawengku


          priya...” Dewi Sritanjung atetawang tangis nyuwun kawelasan,



     ananging Prabu Sila Hadikrama wis kepancingan setan ora maelu


           tangise Dewi Sritanjung. malah kepara ndadi. Sritanjung bisa


                 karuket wani, Sritanjung bangga, jelih-jelih njaluk tulung.
   1   2   3   4   5   6   7   8   9   10   11