Page 14 - Tantri Basa Jawa Kelas 6 (Bab 5)
P. 14

Gladhen 3: Maca Teks Pidhato

                        Bocah-bocah  apa  wis  tau  pidhato  utawa  sesorah?  Wis  tau

                  ngrungokne  wong  pidhato  utawa  sesorah?  Pidhato  kuwi  butuh
                  kaprigelan. Kanggo sinau kudu diwiwiti kanthi maca naskah dhisik.
                  Dene sing wis ahli, tanpa nganggo teks ora apa-apa.
                  Bab-bab sing kudu digatekake nalika pidhato:
                      1.  Vokal/swara, swara kudu cetha.
                      2.  Intonasi utawa endhek dhuwure swara.
                      3.  Ekspresi.
                      4.  Runtute isi pidhato utawa sesorah.

                        Kena apa nalika pidhato utawa sesorah kudu migatekake bab-
                  bab ing dhuwur. Tujuane supaya wong sing mirengake bisa ketarik
                  lan kena daya pangaribawa saka sing pidhato.
                        Bocah-bocah, ayo gladhen dadi juru pidhato kanthi cara maca
                  teks  pidhato  sing  wis  kogarap.  Nalika  kancane  pidhato  utawa

                  sesorah,  kanca  liyane  migatekake  karo  menehi  pambiji  nganggo
                  rubrik ing ngisor iki:

                                                          Aspek
                     NO     Jeneng                                                    Jml
                                        Vokal    Intonasi  Ekspresi  Keruntutan
                     1.
                     2.

                     3.
                     Lst

                  Cathetan:
                  Metodhe pidhato cacahe ana 4:
                      1.  Impromptu  = pidhato sing tanpa nganggo persiapan.
                      2.  Memoriter    = pidhato kanthi ngapalake naskah luwih dhisik.
                      3.  Naskah        = pidhato kanthi cara maca teks/ naskah.
                      4.  Ekstemporan= pidhato mung nyiapake pokok-pokok pidhato.





                  Tantri Basa kelas 6                                              kaca 92
   9   10   11   12   13   14   15   16   17   18   19