Page 15 - Tantri Basa Jawa Kelas 6 (Bab 5)
P. 15

GLADHEN

                                              WULANGAN 5



                  A. Pilihen wangsulan sing paling bener!
                        Kanggo  mangsuli  soal  nomer  1  –  5  wacanen  teks
                  pidhato ing ngisor kanthi premati!

                  Assalaamu „alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
                          Bapak-Ibu  pengasuh  ingkang  kula  hurmati,  Bapak-Ibu  guru

                  ingkang dhahat kinurmatan, saha para kanca panti asuhan ingkang
                  dipun  mulyakaken  Gusti  Ingkang  Murbeng  Dumadi.  Mangga
                  sasarengan  muji  syukur  ing  ngarsaning  Allah  ingkang  sampun
                  paring  rahmad  lan  kasarasan.  Shalawat  sarta  salam  mugi  tansah
                  linuberaken dhumateng Rosulullah Muhammad SAW.
                        Bapak  Ibu  ingkang  dhahat  kinurmatan,  kita  sedaya  kempal
                  sesarengan wonten ing panti asuhan punika boten sanes supados
                  kita nggadhahi masa depan      ingkang sae. Pramila kita kedah kanthi
                  tumemen  ngangsu  kaweruh  ilmu  pengetahuan  lan  ketrampilan
                  saengga ing mangke saget gesang mandhireng pribadi.
                        Bapak  Ibu  sarta  para  kanca  ingkang  kula  hurmati,  kula
                  gadhah idhe, kangge nglatih wira usaha tumrap warga panti mriki
                  inggih  punika  mbikak  usaha  damel  piscok  (pisang  coklat).
                  Dhasaripun,  ing  tlatah  mriki  kathah  ngasilaken  pisang,  reginipun

                  mirah,  prosesipun  gampil.  Kanthi  makaten  sasampunipun  dados
                  piscok  saget  dipun  sade  wonten  alun-alun,  utawi  kita  titipake
                  wonten wande. Etangan kula manawi setunggal piscok kasade Rp.
                  800,- saget pikantuk kauntungan Rp. 300,- Manawi sedinten saget
                  nyade  300  iji,  sampun  kathah  kauntungan  ingkang  saget  kita
                  kempalaken.
                        Bapak  Ibu  ingkang  dhahat  kinurmatan,  lintunipun  pikantuk
                  kauntungan, usaha punika saget kangge latihan wira usaha. Mugi
                  ing tembe kita saget gesang mandhiri, boten namung gumantung
                  dhumateng peparingipun tiyang sanes. Sukur manawi saget mbikak

                  lapangan  kerja  enggal  kangge  nggayuh  masyarakat    ingkang
                  tumata ekonominipun.
                  kaca 93                                                  Tantri Basa kelas 6
   10   11   12   13   14   15   16   17   18   19   20