Page 18 - Tantri Basa Jawa Kelas 6 (Bab 5)
P. 18

UJI KOMPETENSI

                                                 SEMESTER 2

                  Wacanen sing tliti!

                                 Budaya Jawa ing Jaman Globalisasi

                         Budi  lan  dayaning  manungsa  bisa  ngasilake  budaya.  Salah

                  sijine, yaiku budaya Jawa. Wujud budaya Jawa ing antarane: basa
                  Jawa,  aksara  Jawa,  wayang,  gamelan,  tari-tarian,  keris,  batik,
                  ketoprak, lan sapanunggalane.
                         Trus,  apa  globalisasi  iku?  Tembung  globalisasi  asale  saka
                  tembung  globe  utawa  global.  Tegese  mendunia utawa  universal.

                  Anane globalisasi nuwuhake dhampak maneka warna, semono uga
                  ing babagan budaya.
                         Globalisasi  bisa  nuwuhake  dhampak  sing  apik  tumrap
                  kabudayan Jawa, umpamane:
                  1.  Budaya Jawa saya kawentar saindenging donya,

                  2.  Ningkatake dhevisa saka anane wisata budaya,
                  3.  Ningkatake kreatifitas,
                  4.  Ndadekake budaya Jawa saya ngrembaka.
                         Kabeh mau bakal klakon, menawa budaya Jawa tansah diuri-
                  uri  lan  dirembakakake.  Aja  nganti  kepara  kelangan  jati  dhiri,
                  kapencut gebyare budaya manca, kaya kang kasebut ing tembang
                  Gambuh ngisor iki:
                         Ampun ngantos kebanjur,
                         Tiyang Jawi ilang Jawinipun,
                         Margi kerut ing jaman globalisasi,
                         Tebih saking sopan santun,
                         Budi pekertine awon.

                   A.  Wangsulana sing patitis!

                   1.  Apa irah-irahane wacan ing dhuwur?
                        ....................................................................................
                   2.  Apa asale tembung globalisasi iku?
                        ....................................................................................

                  Tantri Basa kelas 6                                              kaca 96
   13   14   15   16   17   18   19   20