Page 16 - Tantri Basa Jawa Kelas 6 (Bab 5)
P. 16

Wusana namung makaten ingkang kula aturaken, mugi saged
                  migunani tumrap warga  panti asuhan mriki. Manawi wonten lepat
                  anggen kula matur, nyuwun agungung pangaksami.

                  Wassalamu „alaikum wr wb.

                  1.  Sing nindakake pidato ing dhuwur ....
                      A. bapak-ibu pengasuh
                      B. bapak-ibu guru
                      C. kanca panti asuhan
                      D. wakil warga panti asuhan
                  2.  Bab sing di andharake ing pidhato kasebut ....
                      A. Nglatih wira usaha kanggo warga panti asuhan.
                      B. Menehi bantuan kanggo warga panti kabeh.
                      C. Nuturi warga panti supaya padha sregep nyambut gawe.
                      D. Ngejak warga panti bukak toko gedhe.
                  3.  Gagasan sing ditawakake kanggo nglatih mandhiri warga panti
                      asuhan yaiku ....

                      A. gawe endhog asin
                      B. gawe pisang coklat
                      C. dodolan panganan
                      D. golek bantuan
                  4.  Muji syukur ing ngarsaning Allah kalebu perangan ... pidhato.
                      A. pambuka
                      B. isi
                      C. panutup
                      D. dudutan
                  5.  Olehe pidhato manggon ana ....

                      A. sekolahan
                      B. kantor kelurahan
                      C. panti asuhan
                      D. lapangan
                  6.  Kanggo persiapane nulis teks pidhato becike gawe ....
                      A. ukara
                      B. dudutan
                      C. cengkorongan
                      D. gagasan baku


                  Tantri Basa kelas 6                                              kaca 94
   11   12   13   14   15   16   17   18   19   20